“Preian Ing Sasi Pasa”

Poso dino kepisan
emang abot , nanging abote abot ngangenin . weteng lue, gorokan gareng. Tapi kudu
iso nahan nganti mahgrib . mergo, iki sasi romadlon, sasi yen enek e mung
setahun pisan, aku ra pengen pasaku bolong-bolong .
nanging , aku ndue cara
kaping setunggal : pasa mung isine turu wae , cara iki paleng kerep digae gawe
uwong seng gak ndue penggawehan tunggale aku . kaping pindo : kudu obah maksute
kerjo , cra iki paleng mujarap gawe ngelali , ngerti to maksute (nek kesel ben
lali yen iki mau pasa) .
Dino poso,
poso iku gak mung ngempet luwe nanging yo ngempet aktivitas seng negative (nggae
duso). Ing ulan romadhon iki sedulur-dulur kulo mangsul sedaya dadhine kabeh
nglumpuk, dulur-dulur iku cacahe faid, aldi, rafi, kiki, rico .
nalika dino kemis jam 12 awan sakbare sholat dhuhur
“re ayo ngko menyang sawah “ ujar rafi,
kula lan faid mangsuli “emoh panas-panak yok ngene kok nang
sawah”
aldi takon “laiyo , we mau sahur nggae opo fi. Kok semangat
eram, opo we gak poso”
rafi mangsuli “eh poso e…. rumangsamu”
rico “paleng yo nggolek seger”
kula ”ooooo we ape ados kali to”
“iyo la panas-panas ngene enak e yo ados ta” rafi
Aldi “iyo enak e ados kali” karo nduding kali ing sawah
Faid “ayo wes budal” karo mlaku menyang sawah
Cah enem
iku mau budal menyang kali seng nek kidul sawah pas teko ing kali, banyune
ruesik laraha lan taine kenek di itung. lare-lare langsung nyepot klambi lan njegur
kali rame-rame . kula lan rico mboten njegur, rico mboten njegur amergo samar
nek posone batal , nek kulo eman kaleh klambi kula (nyar bro….)
Kulo tangklet menyang rico “we gak nyemplung kali pisan ”
Rico mangsuli “gah posoku batal ngko”
Kulo”anak e ustad, co delok en to sanding arek-arek enek
telek e”
“ancen , jarno ae” rico
Rodok suwi
nek adhos kali arek-arek lagek ngerti nek banyu sanding sing di gae adhos iku
enek telek e . aldi lan arek- arek seng njegur kali podho ngomong gak ngenah(misoh)
,arek-arek spontas langsung mentas kabeh .
“pie rasane banyu rasa telek” rico
“nggateli we co, enek telek gak gelem ngomongi” rfi lan kiki
“we mau nguntal banyu pirang liter bang” rico
“gak enek sak liter pokok e” aldi
“yo kui rasakno poso mek sak ulan kok mentolo mokel, kancane
neng nduwur plonga-plongo gak lapo-lapo , lakok kunu malah ngombe sak karepe
dewe”
“sepurane yo bang” faid, aldi, rafi, kiki karo keisinan
Sak bare
ngunu arek enem maeng mulih barenng-bareng
sesok awane
sak bare sholat dhuhur arek-arek nglumpuk koyok biasane , dino iki gentian kiki
ngejak wifian ing balaidesa seng budal
wifian mung kula, aldi, kaleh kiki pas wes wifian gang pirang sakjam mati lampu
aku lan cah loro maeng mulih menyang nggone arek-arek biasa bal-balan neng
lapangan ngguri omahku, neng lapangan wes ana rico, faid, lan rafi seng wes
bal-balan ing lapanngan ngguritan omahku. Kula lan aldi langsung tumut datebng
bal-balan iku maeng , sangking keseruen bal-balan lakok wes jam setengah telu
arek leren ing pinggir lapangan ing pinggir lapangan enek uwet jambu seng
gembel-gembele buahe, mateng-mateng, nek diwasi koyok rodok menggoda imanku lan
bocah-bocah sak bare kesel bal-balan
aldi ”cah ayo ngolek jambu”
“rumangsamu , we ra
poso to di”wangsulan rico
Aku “digae bartarweh to”
Aldi “gak , dipangan saiki wae”langsung menek weet jambu
maeng
Banjur aldi
langsung ngepek jambu , langsung di emplok I sitok-sitok, kulo faid kaleh rafi
tumut langsung melu menek wet jambu langsng balapan disik-disikan ngepek jambu,
faid lan rafi melu-melu mokel pas ngepek jambu, aku mung ngepek I jambu tak
adahi kresek gae mengko bngi.
Rico “we gak wedi karo seng nek nduwur”
“seng nek nduwur aku nek pucuk iki” aldi mangsuli
“Iyo bener” faid karo rafi mangsuli
Kula “diomongi ustadte kok ngentai rek-rek” karo ngemplok
jambu
“loh si amu yo melu-melu mokel” rico
“loh lali , peh lagek sak uwil nek ku nyokot , wayahe ngko
wae nek ngomong ben entek ndisk” nerusne mangan
Aldi “wes to munggaho jambune enak-enak iki” nyeblok I jambu
“kui jajalen luegi kui”
“moh aku poso” rico , karo ngresiki jambu seng dikekno maeng
“pih jambune ketoke uenwk , ojo di omongno makku yo “
Aku “mokel kok diomong-omongne, gak jaman ”
Pas
enak-enake mangan kiki teko , lan lapor kaleh mak-mak seng ngrumpi ing ngarep
omahe aldi, mak-mak langsung budal menyang wet jambu, lan arek-arek dikongkon
mudun kabeh
“cilik-cilik wes belajar duso” ibuk e rico
Rico mang suli “gak duso mak, nek gelem nyaor poso”
Arek-areh “nggeh mboten duso”
“Cilik wes wani nyacat mbek wong tuek” ibuk-ibuk
Arek-arek banjur dijewer, diseret, digowo
mulih make dewe-dwe , ing ulan poso sak teruse arek arek meh gak wani mokel
maneh.
‘Cekap’
Komentar
Posting Komentar